Translate

Sumangga para sedherek, sampun titi wancinipun kita sedaya sami nyerat malih...

Sunday 31 May 2015

17 Agustus 1945

Saking meja redaksi:
Seratan Mas Sito Ardyanto punika sampun dangu mlebet meja redaksi. Surasanipun wonten pirembagan bab Lambang Negara Republik Indonesia, inggih punika Garuda Pancasila. 
Inggih kaleresan dhawah Tanggal 1 Juni dipun pengeti minangka Hari Kelahiran Pancasila, pramila seratan punika dipun posting.
Mugi saget caos pepadhang lan migunani tumrap para sedherek.
Mangga...


Lingsir wengi Bejo lan Kuriman pada lungguhan ana ing ngebuk tan désa. Sajak gayeng.....
Bejo : "Man, kenapa Indonesia kok lehne merdika tanggal 17 Agustus 1945?"
Kuriman : "Ya kae ta ya, kaya sing katulis neng buku sejarah ta..ya..."
         "Mesti ra tahu sinahu!"
         "Kaya ngana kok sih dadi pitakonan..."
Bejo : "Genah, cah yen nalare ra tahu kanggo kie". 
Kuriman : "Nalar sing kepiyeeee?" (karo lambene didledheke...)
Bejo : "Ngene lho Man, kowe kie ra ya ngerti ta...yen Bung Karno kae ra ya Arsitek...kaya aku....?"
Kuriman : "Lhah trus hubungane apa karo tanggal 17 Agustus 1945?" (karo ngucir lambe).
Bejo : "Mesthi wae bab TAMPILAN, ESTETIKA, lan WUJUD ra ya banget digathekake ta ya....". (lambe dicongkok mumbul).





Kuriman : "Weh...weh....trus kepiye, jajal kateranganmu kaya apa?" 
Bejo : "Kowe mesthine ngerti ta...lambange negarane awake dewe...Garuda Pancasila?"
Kuriman : "Lhah ya ngerti ta ya... yen 17 Agustus 1945 hubungane cetha...17 kuwi kasimbol dadi wulu sewiwi, Agustus utawa wulan wolu kasimbol dadi wulu bunthut, 19 kasimbol neng wulu pupune lan 45ne kasimbol neng wulu gulu".
Bejo : "Geneha wis ngerti....kari nalare rung kanggo...cetha ming apalan kuwi!"
Kuriman : (karo mledhingke lambe)..."Nalar meneh...nalar meneh, jal jelasna!"
Bejo : (ngapurancang lambene). "Tanggal kuwi mau...saktenane pancen wis dirancang karo si Arsiteke...."
Kuriman : (sajak ra srantha...) "Dirancang kepiye meneh kuwi....!!?" "Digambar denah, tampak, potongan ngana barang pa piyeeee!!?"
Bejo : "Alon-alon ajar nganggo nalar....!"
............




Bejo : "Jajal pikiren, yen sak umpamane Indonesia kuwi merdika tanggal 1 Januari 1900.....pa ya trima kowe duwe lambang negara nganggo 'INGKUNG GUMANDHUL'...!!?"
Kuriman : .......... (Tlepok, lambene gogrok)

(Tamat)

Kaserat dening:
SITO ARDYANTO



Share:

GUSTI ORA SARE

Kita nyenyuwun marang Gusti, kembang mawar.
Ananging Gusti maringi Kaktus mawa ri.
Kita nyuwun kéwan kang lucu nggemesake.
Ananging Gusti maringi uler wulu.

Sedih....
Susah...
Nesu...
Urip ora adil...
Gusti ora adil....



Nanging ing wekasan, kaktus kuwi nukulake kembang kang endah.
Uler wulu mau dadi kupu kang elok.

Sedulur...
Gusti ora saré.

Kaserat dening:
Aan Dimar



Share:

Wednesday 20 May 2015

GLEWEHAN (Rubrik mBanyumasan)

Seprana-seprene anggonku pakhal, rumangsaku ko ajeg kaya ngetung kacang polong. Entuk bayar, diwehna bojo, kanggo blanja, mbayar werna-werna, banjur entong. Malah cot kurang kaya dene mlumahe gembrong bolong.

Seprana-seprene anggonku ngencengna ikat pinggang, rumangsaku tah uwis paling pol. Mulai ikat pinggang tuku anyar nganti jebol, banjur diserpis nang tukang sol. Nganti rasane weteng kiye ampeg, ora krasa nek disenggol.

Seprana-seprene seduluran lan kekancan, pangrasaku tah ora tau congkrahan. Tau sepisan keton regejegan baen mung merga settingan. Nganti digrenengi Kakangku sing duwe warung mangan. Sepurane nggih Paman!
Inyong padha pancen cot kurang ajar maring junjungan. Karepe ngonoh ya mung glewehan. Aja delebokena ati temenanan. Anggep baen kabeh mau kanggo hiburan. Ora nana maksud mempermainkan aja maning dolanan. Ora nana sing ngerti kepriwe gole kawitan. Kabeh mau mung aksi spontan.
Jan... pancen bangsa panginyongan kiye sok nerak tatanan. Sing penting tetep kraket rumaket anggone kekancan lan seduluran.



"Madhang sing whareg, mandang gawe sing temenan.
 Kemutan terus marang Pangeran".

 Kelilaaan..!

Kaserat dening:
BR. Wijaya


Share:

Jenenge ANGEL

Jaman saiki akèh anake wong Jawa kang diwenehi jeneng apik-apik lan modern. Kaya jenenge wong barat. Kamangka, jeneng Jawa ora kalah apik lan modern. Malah ngemu makna jero koyo jeneng barat. 
Koyo to, neng Jawa wong sing seneng pesta diwènèhi jeneng PARTIMAN. Sing sregep mlaku - mlaku, WAKIMAN. Pada karo jeneng Landa, Johnny Walker. Sing hobi korespondensi SURATMAN. Lha yen sing romantis, asring gawakke mawar kanggo pasangané, jenenge ROSMAN. Utawa kang wus kondhang kaloka sak jagad raya amarga karosane, SUPARMAN.



 
Malah ana jeneng Jawa kang ora mung makna ne kaya jeneng Barat, ananging uga pangucapane, contone, BOGI (kaya jeneng Amerika), sabab laire re BO le GI. Kang kaya jeneng wong Eropa Wétan uga ana, SELKI PASINOV, deweke lair Selasa Kliwon pas sasi November. 

  Tanggaku duwé anak wadon. Wektu syukuran, ditulis gedhe neng tèmbok, "... atas kelahiran putri kedua kami, ANGEL..." (malaikat). Mbah buyuté si bocah rawuh, tumuli ngendika, "Nduk... nduk..., jeneng kok ANGEL..." (ora gampang).





Kaserat dening:
Aan Dimar


Share:

Kabar Duka


Redaksi "Senthir Kalawarta" turut berbelasungkawa atas meninggalnya kakanda rekan kita, Didik Suryo, pada Senin siang 18 Mei 2015 di Temanggung, Jawa Tengah.

Semoga arwah kakanda mendapat tempat terindah di sisiNya, dan keluarga yang ditinggalkan diberikan ketabahan serta kesabaran.

Redaksi Senthir Kalawarta
Share:

Monday 11 May 2015

TIVI JAMAN AKU CILIK

Aku cilik lan gedhe ing desa Karangsari, Kecamatan Semin, Kabupatèn Gunung Kidul. Désa pegunungan pojok lor wetan soko Kabupatèn Gunungkidul. Desaku kalebu désa 'terpencil' lan 'tertinggal'. Banyu angel, saengga tani yo mung tani tadah udan.
Dalan-dalan digawe saka tataran watu putih. Angel dilewati montor roda loro lan uga roda papat. Listrik nembe mlebu désa ing taun 1993. Jaman semana, kurang luwih taun 70an-80an, durung ana hp. Ojo maneh hp, telpon utawa video game, lha wong tv baé, sak désa mung ana piyayi loro sing kagungan. Mbah Sugeng (sing saiki wis ora sugeng), lan siji maneh kagungane Pak Dalmin. 

Dalemé mbah Sugeng ono ing sisih rodho ngisor. Kaampingan dening tanggelan-tanggelan kebon tela. Isih kuwat ing pangelingku, saben dina Rebo bengi tabuh 7, poro warga dusun, cilik gedhe, enom tuwa, ngumpul ing dalemé mbah Sugeng padha nonton ketoprak. Siji kang diantu-antu saka ora akeh acara tv sing ana. Wektu kuwi stasiun televisi mung TVRI, ora ono liyane.




Saking akehe sing nonton, dalemé mbah Sugeng ora sedeng. Mula TV ne digawa metu sak akine. Banjur padha lungguh ing sak ngarep tv gelar klasane déwé-déwé. Kang ora antuk panggonan, munggah lungguh ing tanggelan-tanggelan, ing antarane wit tela. Dadi katon saka Ngaringan kaya 'Amphitheater' utawa bioskop. Mung bedane layar tv ne mung 14", kothak kayu, tur ora ana kelire, ireng putih. Mula paling rekasa sing lungguh mburi nduwur déwé. Ora katon apa - apa. Durung maneh menawa pinuju Tengahé nonton, setrume aki lekas entek, gambaré tv saya suwe saya ciut, saya ciut sak durunge suwé - suwé mati. Nek wis ngana kabeh padha surak, "Hooo... ee..!" "Yooo.... hh. "

Ananging kuwi mau kabeh ora ndadekake lungkrah, ora ngelongi kasenengan uga kabagyan. Apa maneh semangat kanggo maju. Kanyata, Mas-mas, Mbak - mbak, kanca kanca generasi kuwi saiki akèh kang wus mapan, migunani tumrap liyan ing kutha kutha, malah ana sing tekan nagari manca.

Kacaritaaken dening:
Dimas Aan


Share:

Sunday 10 May 2015

TONG SETAN


Malem minggu kepungkur, aku ngajak anak bojoku menyang pasar malem nang kidul Kelurahan. Mumpung ora duwe kangsenan. Ora ana krenteg sowan lan sing cetha mumpung ora udan. Apa maneh aku bar nampa upah lan bebungah saka juragan.

Jenenge pasar malem, ramene yen wayah bengi. Suara lagu lan pariwara wong-wong sing padha dodolan, kaya dene lomba tanpa juri. Kabeh pengin dirungokna dening para rawuh sing rata-rata teka bareng sanak lan famili.

Jenenge bocah, nangendi-ngendi rumangsaku kok padha wae. Angger ketemu panggonan jembar, rata lan padhang uwis mesti kepengine arep playon wae. Opo maneh krungu lagu sing rata-rata dangdut disetel bantere ora sebaene. Pengine arep goyang wae.

Jenenge pasar malem mesti wae ana bakul, barang utawa wahana hiburan sing dadi ciri khase, tur mesti laris. Martabak manis, arumanis lan tahu petis. Sandangan murah, bala pecah nganti obral mojah. Obat sawan, werna-werna dolanan lan Tong Setan.

TONG SETAN!





Kok jenenge sajak nyolowadi. Opo yo ono setan sak jerone tong kae?
"Pak-e, ngopo slinder kayu gedhe sing kanggo atraksi brompit muter-muter kae diarani tong setan?" pitakone Dipo anakku sing kelas 5 SD KE Mangunan, Kalitirto, Sleman, Yogyakarta.
"Ngene mas", wangsulanku, "Tong Setan kuwi asal-usule saka tembung Basa Landa. 'Tong' kuwi tegese slinder utawa tabung. 'Staan' kuwi tegese ngadeg. Dadi Tongstaan kuwi tegese slinder sing ngadeg utawa didegna. Nanging awake dhewe mbok menawa rada kangelan ngucap cara Landa dadine luwih gampang muni Tong Setan.

Kurang luwihe kaya mangkono ngger.
Lha piye, apa wis padha wareg lan marem anggone mubengi pasar malem?

Yen uwis, ayo gek padha mulih".

Kaserat dening:

Basuki R. Wijaya


Share:

Saturday 9 May 2015

KUPU SUWEK

Srengenge wus rada dhuwur. Cahyaning esuk anget brobos mlebu saka cendela kaca kamar tamu ing sisih kiwaku. 
Ayem rasaning ati nyawang omah wus rampung ndak resiki. 
Kairing ocehing manuk trucukan, ngembangake pangucap sukur kanggo Sang gawe urip, aku nyruput teh ginasthel, 'mak cekuk', gaweyane bu Lili.

Dumadakan..., sak kal pangangenku  buyar. Ana sato kéwan cumlorot mabur saka sisih tengen ku, "duerrr..!" nabrak kaca sak kayange. 
Rada sak untara, kagetku ilang, tak deleng Jebul kéwan mau sato kupu ireng, batik kuning semu abang, sing ukurane lumayan gedhe. Kira-kira ambané swiwi sak tapak tangane bocah umur 8th. 
Sajake bingung, kupu mau kemleper sak ambane kaca. Malah kadhang mabur giduh ngubengi kamar, banjur bali nabrak kaca manèh. Mbok menawa dheweke mikir kaca iku dalan metu. 




Aku nyawang bab kaya ngono kuwi mau, atiku melas. Tumuli aku ngadeg, pikirku, "tak tulungane, tak cekel njur tak gawa menyang dalan metu sing bener." ananging saben arep ndak cekel, deweke mabur keweden nubruk ngiwa nengen. Terus kaya ngono. Bareng suju bisa tak cekel lan tak gawa metu, swiwiné padha suwek. 
Celathu ku, "Endahe, Pu, umpama kowe mau pasrah wae..." 
Kepriye maneh.
Dasar KUPU!

Kaserat dening:

Dimas Aan


Share:

WARTA CEKAK


Tribun Jogja, 7 Mei 2015
Sesambetan kaliyan Dirgahayu Kabupaten Sleman ingkang kaping 99, Pemerintah Kabupaten Sleman, Yogyakarta ngawontenaken Upacara Bendera ngagem Basa Jawa, Jumat Wage 15 Mei 2015 wonten ing Lapangan Pemkab Sleman.



Share:

WE HLA KENYO MAN ING SICK

Ana crita keluarga saka Purwakerta, ”WE HLA KENYO MAN ING SICK”
Si rama (bapak) kepingin banget duwe anak lanang. Anak sing kapisan kaaran Putri amargo wadon. Kaping pindho lair maning wadon, kaaran Widuri. Si rama ngomong karo biyung (ibu): ”Mbok,...sira (kowe) ki piye sih? Ramane pingin anak lanang kog ora olih olih. Ayo mbok gawe maning (lagi). Trus lair jabang bayi wadon maning, kaaran Tri Sari (anak wanita ke 3).

Si rama tetep pingin mrogram maning anak sing ke 4. Si rama madhep mantep mesti anak sing ke 4 mesti lanang. Besok yen lair lanang arep tak tanggabno wayang sak kothak kethek thok (wayang satu kotak yg berisi kera smua). Dumadakan lair maning jabang bayi wadon maning.




Si rama bingung setengah mati areb kaaran sapa iki. Trus masrahno jeneng marang si biyung. Dasar si biyung wetenge kencot (ngelih) trus waton muni lan njenengake jabang bayi mau ” WELHA KENYO MANINGSIH” (hlo kog cewek lagi sich).

Kacaritaaken dening:
Mas Didik Nugroho



Share:

Thursday 7 May 2015

TUGIMIN MELEK

Tugimin, bocah SD kelas IV lungguh deleg-deleg ing lincak ngisor uwit besaran (murbai) dewekan wayah esuk. Mumpung pas dina prei. Tur hawane ya seger angin sumilir, ming rung sarapan. Maklum ora ana sing iso dipangan esuk kui.

     Amerga weteng ngelih banjur kepikir babagan urip turah-turah (sugih), kecukupan (sederhana), lan sarwo kurang (sekeng). "Wah, sejatine urip kang sugih, sederhana lan sekeng kuwi sak nyatane kepiye ya?" ujare Tugimin ing ati. "Aku kudu takon karo wong kang wis pengalaman...", karep pikir si Tugimin.
     Si Tugimin awiti pengembarane mubeng desa. Mulai madik-madik golek wong kang cocok kanggo pitakonan. Clingak-clinguk turut lurung desane. "Sapa ya kang kudu tak takoni disik?" ujar kabathin si Tugimin. "Lhah.... iya Pak Surip kang dadi guru SD tangga desa..." bungah atine Tugimin. Banjur si Tugimin tumuju panggonane Pak Surip. Kepeneran Pak Surip nembe ngisis ing ngisor wit pelem ngarep omahe. "Kula nuwun...." uluk salame Tugimin marang Pak Surip. "We..e..e..e..  ana apa le tole,...kadingaren nganggo uluk salam barang?" ujare Pak Surip marang si Tugimin sajak gumun. "Adate srondal-srondol malah nganggo mlumpat betek pisan..." ujar gumune Pak Surip. "Gek ana apa iki, kok nyalawadi?" pitakon atine Pak Surip.
dening:

Sito Ardyanto ot;Wis kelangan telungewu aku!", guyone Pak Surip. "Hwalah...ming isoh kanggo tuku kembang gula we..." kabathin si Tugimin. "Sejathosipun pithangletanipun kula makaten...... Pak Surip punika sadangunipun nglampahi pakaryan guru...," kapunggel sedela nata ucap si Tugimin. Kalanjut pithakonane Tugimin, "Lajeng kados pundi nyekapipun kabetahan keluargi?" "Weh lhah...kaladuk tenan kie bocah!" celathune Pak Surip. "Ngapunten Pak Surip....boten maksud keladuk kula punika...," pangelake ujar si Tugimin. "Namung badhe angertosi 'sejatining urip' kemawon pak," panjelasing Tugimin kang wis fasih basa krama hinggil kanggone bocah 10 tahun. Krungu tembung sejatining urip, Pak Surip terus rada kendho. Rada tertarik sajake....(naluri guru sajake) "O...ngono karepmu....yoh...terusna pithakonanmu!"penasaraning bathin kawethu.





"Nggih....maturnuwun Pak Surip," leganing ati si Tugimin kawedhar. Tanpa tedheng aling-aling, mubeng minger lan nganggo kesuwen, si Tugimin bacutke pithakon. "Pak Surip," unjale ati kawedhar ing lathi. "Hlah...trus kados pundhi anggenipun nata mawarni-warni kabethahan keluargi?" samsaya kendhel anggone takon. Bathin Tugimin nggagas yen gaji guru kuwi ora okeh, ...ananging kok ya ora tahu sedih, bingung bab perkara duwit lan sak piturute. Saben dinane sajake ayem-ayem wae. Kuwi kang ndadekake unege ati. "Hwahaha...haha...," guyune Pak Surip sajak geli kacampur anyel lan bingung. Bocah kok takon bab kaya mangkene, kira-kira pikiri Pak Surip mangkono.
      "Mangkene lho Thole...cah bagus Tugimin, aku kuwi urip sak madya cukup kanggo mangan, sandhang lan papan wae," jlentrehe Pak Surip. Bacute maneh, "Sing penting perangan telu kabeh kuwi uwis kecukupan ora perlu duwe pepinginan kang muluk-muluk....." Panegesane Pak Surip, "Kayata, aku menyang-mulih mulang ing sekolah wae wis cukup numpak pit onthel, dadi aku ora perlu kudu pepinginan duweni pit montor apa meneh mobil".
      Krungu katerangane Pak Surip, Tugimin banjur kethap-kethip ngendhepke pikir lan rasa.....

(Ana candhake)

Kaserat dening:
Sito Ardyanto


Share:

Saturday 2 May 2015

KOWE DIINCENG


Ing sawijining dina, ana pemburu lunga nang gunung nggawa bedil. Dheweke lungguh ana ing ngepang wit lan nyawang ana manuk wulung. Banjur nginceng manuk mau nganggo bedile lan siap-siap mbedil. 




Nanging pemburu mau nggatekke, ”Manuk wulung iku ketoke lagi nggatekke samubarang. Apa sing dheweke sawang?” Pemburu mau ngetutke panyawange manuk wulung mau. 

Ana ula. Ketoke manuk wulung mau pengen nyekel lan mangsa ula mau. ”Aku ngerti saiki. Manuk wulung nginceng ula. Bodo banget! Manuke wulung tenanan nggatekke ula, nanging lali dheweke lagi tak inceng arep tak bedil.” 


Pemburu mau nggatekke ula sing uga katon nggatekke samubarang. ”Apa sing disawang ula?” pitakone nang njero atine. Pemburu mau ngetutke panyawange ula.

Ana kodhok. Ketoke ula mau arep mangsa kodhok. ”Aku ngerti, ula mau nginceng kodhok. Bodone jan ra ketulungan! Ulane nginceng kodhok, dadi ra ngerti yen dheweke diinceng manuk.”





Pemburu mau genti nggatekke si kodhok lan weruh yen kodhok mau lagi nggatekke samubarang. ”Apa sing disawang kodhok?” Pemburu mau ngetutke panyawange si kodhok.

Ana cacing. Si kodhok arep nyekel lan mangsa si cacing.”Ngerti aku. Kodhok nginceng cacing. Bodho banget. Sawektu nginceng cacing, kodhok ora prayoga yen dheweke diinceng ula.”


Banjur dheweke mikir maneh.


“Kodhok kang nginceng cacing, ora ngerti yen lagi diinceng ula. Ula sing nginceng kodhok ora ngerti yen lagi diinceng manuk wulung. Manuk wulung sing nginceng ula ora ngerti yen dheweke lagi takinceng. Aku sing lagi nginceng manuk wulung ora ngerti yen ......” 

Pemburu kuwi mau meneng, banjur krasa wedi, kaya ana sing lagi nginceng dheweke. Pemburu mau mudun saka wit banjur mlayu lintang pukang nuju omahe dhewe.


Kasadur dening: Didik Suryo 





Saka Crita Rakyat Jepang  
Sumber: Fujita, Hiroko lan Stalling, Fran, (1937/2008). Folktales from the Japanese Country side, Westport, Connecticut • London: World Folklore Series kaca 80
Share:

Seratan dening:

Blog Archive

Romo Didik 'Suryo' Hartoko: lantip, blakasuta lan tansah paring pepadhang

Romo Didik 'Suryo' Hartoko: lantip, blakasuta lan tansah paring pepadhang
Redaksi Senthir Kalawarta: Didik Nugroho - Didik Suryo - Sito Ardyanto - BR. Wijaya - Aan Dimar

Pasedherekan Senthir Kalawarta (PASKAL)

Inggih punika:
"Pasedherekan ingkang dipun sengkuyung dening sedherek-sedherek ingkang nggadhahi katresnan dhumateng budaya Jawi, mliginipun Basa Jawi. Dhumateng sinten kemawon ingkang remen kaliyan blog punika, kersa-a lan mangga sami gegandhengan asta. Nuwun.

Recent Posts

Flag Counter

PARIWARA

Panggenan kotak ingkang menika nyumanggaaken menawi badhe dipun caosi pariwara

Theme Support

Alamat Email:

senthirkalawarta@gmail.com