Tugimin, bocah SD kelas IV lungguh deleg-deleg ing lincak
ngisor uwit besaran (murbai) dewekan wayah esuk. Mumpung pas dina prei. Tur
hawane ya seger angin sumilir, ming rung sarapan. Maklum ora ana sing iso
dipangan esuk kui.
Amerga weteng
ngelih banjur kepikir babagan urip turah-turah (sugih), kecukupan (sederhana),
lan sarwo kurang (sekeng). "Wah, sejatine urip kang sugih, sederhana lan
sekeng kuwi sak nyatane kepiye ya?" ujare Tugimin ing ati. "Aku kudu
takon karo wong kang wis pengalaman...", karep pikir si Tugimin.
Si Tugimin awiti
pengembarane mubeng desa. Mulai madik-madik golek wong kang cocok kanggo
pitakonan. Clingak-clinguk turut lurung desane. "Sapa ya kang kudu tak
takoni disik?" ujar kabathin si Tugimin. "Lhah.... iya Pak Surip kang
dadi guru SD tangga desa..." bungah atine Tugimin. Banjur si Tugimin
tumuju panggonane Pak Surip. Kepeneran Pak Surip nembe ngisis ing ngisor wit
pelem ngarep omahe. "Kula nuwun...." uluk salame Tugimin marang Pak
Surip. "We..e..e..e.. ana apa le
tole,...kadingaren nganggo uluk salam barang?" ujare Pak Surip marang si
Tugimin sajak gumun. "Adate srondal-srondol malah nganggo mlumpat betek
pisan..." ujar gumune Pak Surip. "Gek ana apa iki, kok
nyalawadi?" pitakon atine Pak Surip.
dening:
Sito Ardyanto
ot;Wis
kelangan telungewu aku!", guyone Pak Surip. "Hwalah...ming isoh
kanggo tuku kembang gula we..." kabathin si Tugimin. "Sejathosipun
pithangletanipun kula makaten...... Pak Surip punika sadangunipun nglampahi
pakaryan guru...," kapunggel sedela nata ucap si Tugimin. Kalanjut
pithakonane Tugimin, "Lajeng kados pundi nyekapipun kabetahan
keluargi?" "Weh lhah...kaladuk tenan kie bocah!" celathune Pak
Surip. "Ngapunten Pak Surip....boten maksud keladuk kula punika...,"
pangelake ujar si Tugimin. "Namung badhe angertosi 'sejatining urip'
kemawon pak," panjelasing Tugimin kang wis fasih basa krama hinggil
kanggone bocah 10 tahun. Krungu tembung sejatining urip, Pak Surip terus rada
kendho. Rada tertarik sajake....(naluri guru sajake) "O...ngono
karepmu....yoh...terusna pithakonanmu!"penasaraning bathin kawethu.
"Nggih....maturnuwun Pak Surip," leganing ati si
Tugimin kawedhar. Tanpa tedheng aling-aling, mubeng minger lan nganggo kesuwen,
si Tugimin bacutke pithakon. "Pak Surip," unjale ati kawedhar ing
lathi. "Hlah...trus kados pundhi anggenipun nata mawarni-warni kabethahan
keluargi?" samsaya kendhel anggone takon. Bathin Tugimin nggagas yen gaji
guru kuwi ora okeh, ...ananging kok ya ora tahu sedih, bingung bab perkara
duwit lan sak piturute. Saben dinane sajake ayem-ayem wae. Kuwi kang ndadekake
unege ati. "Hwahaha...haha...," guyune Pak Surip sajak geli kacampur
anyel lan bingung. Bocah kok takon bab kaya mangkene, kira-kira pikiri Pak
Surip mangkono.
"Mangkene lho Thole...cah bagus Tugimin,
aku kuwi urip sak madya cukup kanggo mangan, sandhang lan papan wae,"
jlentrehe Pak Surip. Bacute maneh, "Sing penting perangan telu kabeh kuwi
uwis kecukupan ora perlu duwe pepinginan kang muluk-muluk....." Panegesane
Pak Surip, "Kayata, aku menyang-mulih mulang ing sekolah wae wis cukup
numpak pit onthel, dadi aku ora perlu kudu pepinginan duweni pit montor apa
meneh mobil".
Krungu
katerangane Pak Surip, Tugimin banjur kethap-kethip ngendhepke pikir lan rasa.....
(Ana candhake)
Kaserat dening:
Sito Ardyanto
0 comments:
Post a Comment