Ayem rasaning ati nyawang omah wus rampung ndak resiki.
Kairing ocehing manuk trucukan, ngembangake pangucap sukur kanggo Sang gawe urip, aku nyruput teh ginasthel, 'mak cekuk', gaweyane bu Lili.
Dumadakan..., sak kal pangangenku buyar. Ana sato kéwan cumlorot mabur saka sisih tengen ku, "duerrr..!" nabrak kaca sak kayange.
Rada sak untara, kagetku ilang, tak deleng Jebul kéwan mau sato kupu ireng, batik kuning semu abang, sing ukurane lumayan gedhe. Kira-kira ambané swiwi sak tapak tangane bocah umur 8th.
Sajake bingung, kupu mau kemleper sak ambane kaca. Malah kadhang mabur giduh ngubengi kamar, banjur bali nabrak kaca manèh. Mbok menawa dheweke mikir kaca iku dalan metu.
Aku nyawang bab kaya ngono kuwi mau, atiku melas. Tumuli aku ngadeg, pikirku, "tak tulungane, tak cekel njur tak gawa menyang dalan metu sing bener." ananging saben arep ndak cekel, deweke mabur keweden nubruk ngiwa nengen. Terus kaya ngono. Bareng suju bisa tak cekel lan tak gawa metu, swiwiné padha suwek.
Celathu ku, "Endahe, Pu, umpama kowe mau pasrah wae..."
Kepriye maneh.
Dasar KUPU!
Kaserat dening:
Dimas Aan
0 comments:
Post a Comment