Translate

Sumangga para sedherek, sampun titi wancinipun kita sedaya sami nyerat malih...

Sunday 10 May 2015

TONG SETAN


Malem minggu kepungkur, aku ngajak anak bojoku menyang pasar malem nang kidul Kelurahan. Mumpung ora duwe kangsenan. Ora ana krenteg sowan lan sing cetha mumpung ora udan. Apa maneh aku bar nampa upah lan bebungah saka juragan.

Jenenge pasar malem, ramene yen wayah bengi. Suara lagu lan pariwara wong-wong sing padha dodolan, kaya dene lomba tanpa juri. Kabeh pengin dirungokna dening para rawuh sing rata-rata teka bareng sanak lan famili.

Jenenge bocah, nangendi-ngendi rumangsaku kok padha wae. Angger ketemu panggonan jembar, rata lan padhang uwis mesti kepengine arep playon wae. Opo maneh krungu lagu sing rata-rata dangdut disetel bantere ora sebaene. Pengine arep goyang wae.

Jenenge pasar malem mesti wae ana bakul, barang utawa wahana hiburan sing dadi ciri khase, tur mesti laris. Martabak manis, arumanis lan tahu petis. Sandangan murah, bala pecah nganti obral mojah. Obat sawan, werna-werna dolanan lan Tong Setan.

TONG SETAN!





Kok jenenge sajak nyolowadi. Opo yo ono setan sak jerone tong kae?
"Pak-e, ngopo slinder kayu gedhe sing kanggo atraksi brompit muter-muter kae diarani tong setan?" pitakone Dipo anakku sing kelas 5 SD KE Mangunan, Kalitirto, Sleman, Yogyakarta.
"Ngene mas", wangsulanku, "Tong Setan kuwi asal-usule saka tembung Basa Landa. 'Tong' kuwi tegese slinder utawa tabung. 'Staan' kuwi tegese ngadeg. Dadi Tongstaan kuwi tegese slinder sing ngadeg utawa didegna. Nanging awake dhewe mbok menawa rada kangelan ngucap cara Landa dadine luwih gampang muni Tong Setan.

Kurang luwihe kaya mangkono ngger.
Lha piye, apa wis padha wareg lan marem anggone mubengi pasar malem?

Yen uwis, ayo gek padha mulih".

Kaserat dening:

Basuki R. Wijaya


Share:
Location: Maguwoharjo, Depok Sub-District, Sleman Regency, Special Region of Yogyakarta, Indonesia

4 comments:

  1. Aku Kelingan jaman cilik gan

    ReplyDelete
  2. Matur nuwun sampun kersa mampir, Mas Risal.
    Tansah dipun antu-antu lan dipun tengga rawuhipun wonten ing senthirkalawarta.blogspot.com mriki.

    Mangga...

    ReplyDelete
  3. Alhamulillah... nDerek bingah Pakde. Ningali panjenengan sampun saged makarya kados sadyo kala. Menawi pas wonten Ngayogyakarta, kulo nyuwun ijin sowan. Kintu salam kagem mBak Sinta, mBak Rina lan mas Dipo.

    (LBM 15)

    ReplyDelete
  4. Saking plipir Lepen Moldau ten ngriki saestu ketingal Mas Bas radi alit njih? Nopo saweg katah menggalih? Ha3! Injih mbok menawi dalem saged sowan sareng kangmas 15 ten Ngayojokarta. Nawi saged benjang Rioyo. Nuwun lan salam katur budhe kekalih lan mas Dipo.

    ReplyDelete

Seratan dening:

Blog Archive

Romo Didik 'Suryo' Hartoko: lantip, blakasuta lan tansah paring pepadhang

Romo Didik 'Suryo' Hartoko: lantip, blakasuta lan tansah paring pepadhang
Redaksi Senthir Kalawarta: Didik Nugroho - Didik Suryo - Sito Ardyanto - BR. Wijaya - Aan Dimar

Pasedherekan Senthir Kalawarta (PASKAL)

Inggih punika:
"Pasedherekan ingkang dipun sengkuyung dening sedherek-sedherek ingkang nggadhahi katresnan dhumateng budaya Jawi, mliginipun Basa Jawi. Dhumateng sinten kemawon ingkang remen kaliyan blog punika, kersa-a lan mangga sami gegandhengan asta. Nuwun.

Recent Posts

Flag Counter

PARIWARA

Panggenan kotak ingkang menika nyumanggaaken menawi badhe dipun caosi pariwara

Theme Support

Alamat Email:

senthirkalawarta@gmail.com