Translate

Sumangga para sedherek, sampun titi wancinipun kita sedaya sami nyerat malih...

Tuesday 16 June 2015

SINAU NALAR ING SAJRONING URIP PADINAN

1. Urip ing Jaman Katrangan lan Pepeling
Jaman saiki bisa diarani jaman kebak katrangan utawa informasi, malahan bisa diarani uga jaman kebak pepeling lan prentah. Nang ngendhi wae, awake dhewe meruhi katrangan, saka ing pinggir ndalan tekan njero omah. Metu saka omah, awake dhewe wruh papan iklan, dluwang slebaran, swara saka megaphone, mlebu omah ana layar tivi, koran durung telpon genggam sing isine oceh-ocehane manungsa lan warta-warta saka internet.
Yen dibandhingke jaman mbiyen krasa beda banget. Simbah-simbahe awake dhewe luwih asring sinau saka pengalaman uripe dhewe lan saka alam kang disawang lan didhemok sacara langsung (wit-witan, kali, pegunungan lan sapiturute), awake dhewe saka tulisane wong liya, gambar lan filem. Tulisan, gambar utawa filem kuwi mung wujude, isine macem-macem: crita, warta faktual lan paling akeh iklan lan pepeling utawa prentah. Isine katrangan kuwi mau akeh-akehe martakae apik elike samubarang kahanan utawa objek, lan biyasane dikantheni prentah utawa pepeling supaya dilakoni utawa aja dilakoni (sok-sok prentahe dislamurake, supaya ora nyolok). Kaya-kaya awake dhewe bocah bodho ora bisa sinau saka uripe awake dhewe langsung, ora bisa ngrasaake kahanan samubarang kuwi apik utawa ala. Contone: Ngrokok kuwi mateni (ala), aja dilakoni (dilarang merokok); bocah sing taat kuwi apik, ajari bocahmu supaya bisa dadi taat.
Apa sing dijaluk karo sakehing katrangan lan pepeling mau yaiku supaya awake dhewe mbenerake (ngamini) lan nglakoni cara urip kang dinyunyukake (karepku arep nerjemahake ”dipromosikan”). Urip ing jaman biyen, kaya ngono mau ora akeh. Wong-wong kaya-kayane isin yen ngajari wong liya ndhi sing becik lan endhi sing ala amarga ngrumangsani. Wong mbiyen luwihintrospektif, neliti awake dhewe sakdurunge ngajari wong liya. Wong saiki luwih seneng lan suka gambira ngajari lan mituduhake endhi sing apik lan ala marang wong liya. Saiki akeh cah cilik sing dadi guru agama ngajari wong tuwo urip sing apik kuwi kaya ngapa, kaya-kaya pangalaman uripe wong tuwo sing puluhan tahun bisa dikalahake karo pasinaon sing mung diwaca lan dirungoake saka kaset.  Ing Elmu psikologi kuwi diarani ”exporting morality” ngekspor wewarah becik marang wong liya. ”ngekspor wewarah” kuwi ora ala yen eksportir-e bisa ngrumangsani yen barang kang diwarahake kuwi mung salah sijining dalane urip, dudu sing mutlak dhewe, lan dalan liyane ora dianggep salah sacara mutlak. Nanging biyasane ora mangkono. Eksportir-e yakin banget yen barang sing ditawaake kuwi kecap no siji lan liyane palsu, nah kuwi sing mbebayani. Bisa keladuk dadi prentah nyingkirake utawa musnahake wong-wong sing dhuwe cara urip sing bedha karo cara urip sing diyakini. Eeh nyuwung pangapunten kedhawa-dhawa ing babagan ”exporting morality”
Terkadang ora gampang neliti warta, crita utawa pepeling sing duwe maksud ”promosi” cara urip, luwih-luwih yen wujude gambar utawa film, lan yen isine kagayut babagan kesehatan lan moralitas utawa kapercayaan. Prentah mau krasa luwih teges lan meksa. Bayangake yen sing pengen marahi awake dhewe kuwi akeh wong, awake dhewe rasane kaya disurung ngalor-ngidul, dadi lali kara apa sing saknyatane awake dhewe rasaake ing urip iki. Tulisan iki mung nyoba ngajak neliti katrangan sing mbendinane awake dhewe rungoake utawa sawang, ora arep milah-milah ndhi sing bener lan ndhi sing salah, nanging katrangan sing kaya ngapa sing layak ditampa lan sing layak ditolak adedhasar pamikiran kang wening.
Sing arep dinyataake mung salah sijining cara supaya awake dhewe bisa neliti katrangan adedhasar panalaran utawa basa gaule reasoning kang disinau saka Stephen Toulmin. Stephen Toulmin, filsuf Inggris (25 Maret 1922 – 4 desember 2009) sing ndhuweni sikep batin kaya wong Jawa, sakmadya. Ing masalah moral etika dheweke ora nyarujuki absolutisme lan uga ora nyarujuki relativisme, ngono ya ngono ning aja ngono, nang tengah-tengah: sing dipertimbangke ora mung prinsip moral universal nanging uga kahanan nyata. Salah siji bukune yaiku: An Introduction to Reasoning (1979; with Allan Janik and Richard D. Rieke 2nd edition 1997) mbahas piye carane mriksa Claim (ing cara Indonesia pendapat; yen ana sing ngerti cara jawane mbok tulung aku dikandhani).
Klaim utawa pendapat kuwi sing diarani thesis, yen awake dhewe ngganggo basa para filsuf, kasimpulan sing dipercaya bener lan didudut saka kahanan-kahanan sing dimangerteni. Contone: (lebar nyawang mendhung petheng) sampeyan celathu: sore iki arep udan; (bar maca koran kuning sing isine berita kejahatan, korupsi lan liyan-liyane sing ala) pak Semedhi ngandika, iki jaman edan. Sing dadi pokok perkara yaiku piye carane mriksa klaim utawa thesis mau.

2. Unsur dasar Agumentasi (claimgroundwarrant, backing)
                Claim utawa klaim kudu dibedhaake karo prentah utawa pianjur. Prentah kuwi sipate ngarahake tumindhak utawa laku sing adedhasar klaim sing kena dipercaya. Contone prentah: mlaku-mlakua ing wayah esuk supaya kowe tetep sehat lan seger. Prentah mau tukul saka klaim: mlaku-mlaku bisa njaga kasihatan raga. Klaim nunjukake sikep (sikap ing basa Indonesia) utawa panilaian wong sing kandha tumrap samubarang kahanan utawa objek. Klaim dinyunyukake supaya ditampa sing krungu. Si penganjur duwe pikiran utawa panilaian yen mlaku-mlaku bisa dadi sarana njaga kesihatan, utawa ringkese mlaku-mlaku (objek) kuwi sehat (panilaian utawa sikep). Conto liyane: aja goroh. Prentah mau adedhasar klaim yen goroh kuwi ala.
                Klaim supaya diandel utawa dipercaya sing krungu merloake bukti utawa fakta sing ndukung klaim kuwi mau. Iku diarani ground utawa dhasar. Apa dhasare awake dhewe bisa alok yen goroh kuwi ala? Apa dhasare mlaku-mlaku bisa njaga kesehatane raga? Wujude dhasar utawa ground kuwi kahanan kang nyata kang bisa dimangerteni, diweruhi sarana panca indra (bukti empiris). Bukti sing paling kuat umume dijupuk saka panelitian. Contone: ana panelitian sing nunjukake yen wong kang sregep mlaku-mlaku luwih dawa umure tinimbang sing ora sregep. Mlaku-mlaku ngurangi resiko lara jantung lan diabetes lan sakpiturute. Urip dhawa, ora kena diabetes utawa jantung kuwi tandhane wong sehat. Dadi saka bukti-bukti empiris utawa ground mau awake dhewe bisa gawe klaim. Nanging dhasar utawa ground uga bisa dijupuk saka pangalaman pribadi. Contone setahun kepungkur aku sregep mlaku-mlaku, awakku seger ora gampang kesel. Saiki rada kesed, awakku gampang lara flu.
                Warrant utawa jaminan kuwi pamikiran utawa asumsi utawa prinsip sing nggandhengake antarane klaim lan dhasar empiris. Jaminan ngabsahake klaim sarana nunjukake yen bukti utawa dhasar empiris mau gathuk karo klaime. Contone: wong bisa diarani sehat yen proses-proses peredaran getih lan oksigen kuwi lancar. Mlaku-mlaku maraake proses peredaran getih lan oksigen dadi lancar. Apa sing disinau ing sekolah umume asumsi utawa prinsip-prinsip dhasar sing penting kanggo urip. Sarana sinau prinsip-prinsip dhasar mau bocah bisa mangerti kaitane kahanan empiris lan klaim.  Ing ilmu fisika jaminan utawa warrant kuwi bisa mawujud rumus fisika.
                Telung prakara mau: klaim, dhasar empiris lan jaminan kasebut unsur dhasar argumentasi. Sing diarani argumentasi kuwi proses wong mbentuk klaim, nyanggah klaim utawa nguwatake klaim. Dadi awake dhewe perlu mangerteni telung prakara kuwi supaya bisa mutusake arep percaya utawa ora marang klaim sing diomongke wong, ora waton melu-melu.

3. Panguwate argumentasi: backingqualifier lan rebuttal.
                Yen jaminan kuwi disanggah, awake dhewe merloake backing utawa beking (istilah kuwi ing urip padinan biasane dienggo kanggo nyritaake tumindhake aparat Negara sing nglindungi tumindhak ala para juragan, mbuh juragan minuman keras utawa judi. Yen juragan kuwi mau ora tau digrebeg mesthi ana sing takon bekinge sapa). Beking kuwi nguwatake jaminan utawa jaminane jaminan. Ing contho dhwur mau, jaminan yen mlaku-mlaku nglancarake peredaran getih lan oksigen dijamin karo kanyataan: mlaku-mlaku bisa mbakar lemak lan nggedheake volume paru-paru. Peredaran getih bisa lancar yen pembuluh darahe ora kakhehan lemak lan bisa nyerap oksigen sing akeh; paru-paru sing kuat nyerap oksigen sing cukup, lan oksigen diperloake kanggo nguripi lan ngremajaake sel-sel raga. Kuwi mau kabeh bisa diarani beking, utawa dhasar sing nunjukake kaitane mlaku-mlaku karo kasehaten raga.
                Qualifier utawa kualifikasi nunjukake kekuatane klaim utawa kemungkinan klaim kuwi mau bener utawa salah miturut wong sing ngejoake klaim. Contone: umume (kualifikasi) mlaku-mlaku maraake sehating raga (klaim), utawa kanggone wong tuwo (kualifikasi) mlaku-mlaku maraake sehat (klaim). Sak liyane kuwi argumentasi uga bisa dikuatake yen ditambahi rebuttal utawa sanggahan, yaiku kahanan sing maraake klaim kuwi dadi kleru. Contone: mlaku-mlaku ing wayah esuk maraake awak sehat (klaim), nanging bisa nambahi penyakit yen mlaku-mlaku nang tengahe polusi asep pabrik lankendaraan bermotor. Kualifikasi lan sanggahan perlu diyataake kanggo nentoake watese klaim.




4. Panutup: Radar kanggo ndeteksi wong ngapusi lan obong-obong atine liyan
                Yen diringkes, sepisan: argumentasi sing lengkap mbuthake klaim, dhasaring klaim lan jaminan. Kapindho, kareben luwih kuwat argumentasi bisa dikantheni beking lan sanggahan. Beking dinggo nguwatake jaminan (utawa warrant), kualifikasi lan sanggahan kanggo nentoake watesing klaim.
                Urip ing jaman akeh pepiling lan prentah kuwi ora gampang . Yen ora ati-ati lan wening pikirane, awake dhewe bisa diseret ngalor ngidul. Akeh wong sing tawa barang kang kethoke apik lan nyenengake, jebule malah njlomprongake. Mriksa pendapat utawa klaim kanthi teliti kuwi penting kanggo uripe awake dhewe. Ora gampang, amarga atine awake dhewe gampang kapilut karo janji-janji sing manis utawa ancaman-ancaman bebaya. Sarana nalar sacara Toulmin iki bisa dianggep piranti kanggo ndeteksi klaim sing ngapusi lan klaim sing gampang ngobong atine awake dhewe. Piranti iki bisa dilatih mbaka sathitik. Yen wis baut bisa ngajari anake dhewe supaya ora gampang kapilut karo bakul sing ngapusi utawa demagog sing mburu ”kekuasaan”.




Stephen Toulmin, Filsuf sing gawe Metode Nalar

Kaserat dening:
V. Didik Suryo Hartoko



Share:

1 comment:

Seratan dening:

Blog Archive

Romo Didik 'Suryo' Hartoko: lantip, blakasuta lan tansah paring pepadhang

Romo Didik 'Suryo' Hartoko: lantip, blakasuta lan tansah paring pepadhang
Redaksi Senthir Kalawarta: Didik Nugroho - Didik Suryo - Sito Ardyanto - BR. Wijaya - Aan Dimar

Pasedherekan Senthir Kalawarta (PASKAL)

Inggih punika:
"Pasedherekan ingkang dipun sengkuyung dening sedherek-sedherek ingkang nggadhahi katresnan dhumateng budaya Jawi, mliginipun Basa Jawi. Dhumateng sinten kemawon ingkang remen kaliyan blog punika, kersa-a lan mangga sami gegandhengan asta. Nuwun.

Recent Posts

Flag Counter

PARIWARA

Panggenan kotak ingkang menika nyumanggaaken menawi badhe dipun caosi pariwara

Theme Support

Alamat Email:

senthirkalawarta@gmail.com