Translate

Sumangga para sedherek, sampun titi wancinipun kita sedaya sami nyerat malih...

Monday 22 June 2015

MATA-MATA! (bagean 1)

Ling-sir we-ngi.
Mendung gumantung ana ing langit iring lor. Thathit cumlorot kumeclap mbelah angkasa. Gludhug kang gumleger lebur dening hawa kang adhem. Kahanan sajak nyalawadi.
Ngge-gi-ris-i!
Udan mak bres, tumurun saya deres. Banyu ora trima mung tumetes seka langit, nanging gumrujug kadya semuntak dening para Dewa ing Kahyangan. Angin mobat-mabit, wit-witan dhoyong sak kiwa tengening dalan. Swara angin keprungu kadya baunge asu.

Pe-teng dhe-dhet!
Lampu pepadhang PT. PLN turut dalan sing dak liwati pinuju balik nyang papan penggaweyan, mati kabeh. mBok menawa pancen dipateni seka sentral, ngawekani wit-witan kang melu mobat-mabit, mbebayani. Sumelang ngembruki kawat setrum kang pinenthang antarane togor utawa leneng, cagak thing utawa anim.

Se-pi nye-nyet!
Maca kahanan kaya mengkono, sakjane tuwuh rasa wedi ing jeroning atiku. Uwis pirang adohe olehku dhewekan nyetir montor,ora ana sijia kendaraan liya pinuju sak arah utawa sing sliringan. Kamangka iki isih ana ing tengah-tengahing kebon teh duweke PTPN. Ora ana pilihan liya, dalan siji-sijine ya mung jalur inspeksi tinggalane Landa awujud makadham. Dalan makadham sing gemronjal apa maneh lagi udan deres ora bakal bisa diliwati montor kanthi laju punjul seka 30 Km/jam. Saupama nekat, montor sing dak tumpaki bakal bobrok.




Mripat iki rasane uwis sepet amarga ngemu embun. Maklum, montor sing dak tumpaki tanpa AC. Udan lan angin saya nggilani. Bledhek wis bola-bali gemledhek, suarane mangampar-ampar.


Guwa Jepang ana sisih kiwa dalan wis keliwatan. Sak kedhepan pucukaning mata isih weruh wujude, seka kadohan kaya kodhok lagi mangap. Uwit Serut kang umure punjul seka 100 taun lan dadi tengere guwa kuwi, isih katon pideksa nadyan bola-bali keterak angin Lesus. Sakjane tumekaning saiki aku isih ora mudheng, ngapa para prejurit sing ngakune 'sedulur tuwo seka negri matahari terbit' kok blangkrakan utawa this-thisan tekan tengahing kebon teh duweke Meneer Van de Jong rikala Perang Pasifik? Para prejurit Dai Nippon kuwi katemokake isih urip dening warga grumbul cedhak guwa sak uwise geger Gestok 1965. Nalika kepergok dening warga, para prejurit kuwi isih nyandhang seragam Angkatan Perang Jepang kang uwis tepa lan suwek-suwek, kaya dene gombal amoh. Nadyan mengkana, para prejurit kuwi padha siaga nggegem gagang samurai (bareng ditelesih kanthi setiti, kabeh samurai kuwi ana tenger gambar sirahe Kaisar Jepang). Kamangka Jepang ngaku kalah perang taun 1945, sak uwise Hiroshima lan Nagasaki ditibani bom atom dening Amerikah. Dadi, sak uwise 20 taun para prejurit kuwi nembe mangerteni yen negarane kalah perang. Mula, para prejurit kuwi banjur diulihke bali menyang negarane.





"Kaya-kayane kok ora mokal lan ora sebaene", batinku.


Apa maneh rikala taun1985, ana tim expedisi Jepang neliti guwa kuwi. Jare mung sakperlu dokumentasi. Suwene pitung dina, gaweane pendhak dina klintar-klinter, sliwar-sliwer, ngekar-ngeker, lemah diekar-eker. Genahe golek apa, tekane saiki ora ana sing ngerti. Ora cetha!

Dadi kelingan rikala taun 2005. Aku entuk tugas gawe rancangan kanggo proyek Agrowisata kanthi pisungsung dana seka Jepang. Salah sijine ing tlatah kebon teh, sing ana guwane Jepang kuwi. Yen tak etung-etung seka taun 1945, ana jarak wektu sing ajeg tekane 2005. Apa ya jarak 20 taunan kawit 1945 tekane 2005 mung kebeneran? Apa ya kabar angin kang santer sumebar, sak tenane nyata menawa ana 'harta karun' awujud emas lantakan cacahe pirang-pirang truck, disimpen sakjroning guwa ana ing tlatah kebon teh kene? Dene para prejurit Dai Nippon sing katemokake dening warga, kabare minangka utusane kaisar. Dhawuhe: jagani raja brana awujud emas lantakan kang dipigunaake Jepang (sing wektu kuwi fasis), kanggo ngragati angkatan perange.

Saiki taun 2015. Sepuluh taun maneh 2025. Kanthi periode 20 taunan mau, kira-kira ing tlatah kene iki bakal ana gawe apa maneh ya? Ah...aku kok dadi ngayawara?

Guwa Jepang uwis keliwat. Yen ngono grumbul paling cedhak watara 10 menit maneh. mBok menawa aku bisa nunut ngiyup lan ngangetake awak ana salah sijining omah warga ing grumbul. "Moga-moga yahene isih ana sing melek", batinku sinambi ngeyem-yemi awakku dhewe.

...wonten candhakipun.

Kaserat dening:
BR. Wijaya



Share:
Location: Kebun Teh Kaligua (Wisata Agro), PTPN IX Kebun Kaligua, Dusun Kaligua, Pandansari, Paguyangan, Kabupaten Brebes, Jawa Tengah 52276, Indonesia

2 comments:

Seratan dening:

Blog Archive

Romo Didik 'Suryo' Hartoko: lantip, blakasuta lan tansah paring pepadhang

Romo Didik 'Suryo' Hartoko: lantip, blakasuta lan tansah paring pepadhang
Redaksi Senthir Kalawarta: Didik Nugroho - Didik Suryo - Sito Ardyanto - BR. Wijaya - Aan Dimar

Pasedherekan Senthir Kalawarta (PASKAL)

Inggih punika:
"Pasedherekan ingkang dipun sengkuyung dening sedherek-sedherek ingkang nggadhahi katresnan dhumateng budaya Jawi, mliginipun Basa Jawi. Dhumateng sinten kemawon ingkang remen kaliyan blog punika, kersa-a lan mangga sami gegandhengan asta. Nuwun.

Recent Posts

Flag Counter

PARIWARA

Panggenan kotak ingkang menika nyumanggaaken menawi badhe dipun caosi pariwara

Theme Support

Alamat Email:

senthirkalawarta@gmail.com