Translate

Sumangga para sedherek, sampun titi wancinipun kita sedaya sami nyerat malih...

Tuesday 16 June 2015

KADYA MIMI LAN MINTUNA

Dumugi pungkasaning Sasi Ruwah, masyarakat Jawi mliginipun hanggadhahi tradisi Ruwahan. Tradisi punika pun leksanaaken kanthi rawuh dateng pasarean, utaminipun pusara para tiang sepuh utawi leluhur. Temtunipun kanthi niat suci. Ingkang baku ngleksanaaken reresik pusara lan supados kagem pepeling dumateng ingkang taksih pinaringan yuswa dening Gusti Ingkang Akarya Jagad.
Saking pemanggih mekaten, pramila seratan punika dipun caosaken dhumateng para sutresna. Mugio saged andadosaken renungan lan renaning penggalih.
Nuwun.


Pangrasaku kok uwis suwe banget ora resik-resik lan nata omah. Yen dak sawang perabotan meja, kursi, lemari, amben, rak buku, slintru, lampu gantung butuh dilap. Ewa dene lawang, cendela, boven licht, angin-angin, usuk, blandar, saka...
Lha kok kabeh!
Reged sak kabehe!!
Sawang pinenthang wiwit seka longkang nganti pojok lawang.
Bledug gemrudug sak wayah-wayah pit udhug kagungane Mas Jadhug ngliwati ngebrug samping gubug.
Apa maneh iki papan panggonan klebu luwih cendhek seka dalan. Antara 5 nganti 6 undhak-undhakan. Dadi angger wancine mangsa ketiga uwis tekan, mesti bledug rata jogan. Nanging wancine mangsa udan, banyu mili pinuju marang olehku gawe papan panggonan. Wah, tobat tenan! 

Sanadyan durung mlebu mangsa ketiga, bledug sak enggon-enggon kaya awu bledhose Gunung Kelud nang Jawa Timur taun 2014 wingi. Kepeneran dina iki aku ora menyang nyambut gawe. Dina kecepit! Nyawang kahanan omah sing uwis ora kepenak tur reged, tuwuh krenteg resik-resik lan beres-beres omah. Biasane kagiatan reresik omah direwangi anakku barep sing kelas 5 SD. Nanging, gandheng anakku lanang kuwi lagi kemah kepanduan ana ing Wana Gondhang, aku nandangi dhewe. Mumpung maneh bojoku karo si ragil lagi wae menyang pasar sakperlu nempur beras karo golek kaperluan liyane. Yen weruh bapakne temandang, si ragil kang nembe umur 2,5 taun mesti karepe ngewangi. Niate apik, nanging sok malah dadi marakke suwe olehku temandang.

Bongkar rak buku, aku nemu album poto 'jadoel'. Gambare isih ireng putih.
Kanyata kuwi album poto lawas kaluwargaku. Seprana-seprene tak goleki, jebul mung nlesep ana ing antaraning buku-buku ngenani sejarah bangsa-bangsa sak jagad lan apa wae ngenani rejim Soekarno lan rejim Soeharto.



Bukak lembar mboko lembar album poto 'jadoel' utawa jaman doeloe rasane kaya mbaleni urip ana ing jaman aku isih cilik. Kaya-kaya (swargi) bapak lan ibu isih sugeng. Semana uga kangmas lan mbakyu, rasane isih jangkep lan kumpul kabeh.

Ana pirang-pirang kaca (Basa Indonesia: halaman) ing album poto kuwi sing dadi kawigatenku. Saktemene nembe saiki aku mat lan sadar, dene saben bapak lan ibuku poto sarimbit mesti astane gandhengan. Ana sing rangkulan lan ana uga sing genti genten gendhong-gendhongan. Saktemene nembe saiki aku mangerteni. Apa maneh jarak sedane bapak lan ibu persis 100 dina.

Iya, dadi kelingan. Saupama mengko bar surup pengetan 100 dina sedane bapak, esuk mau wayah tabuh 5 sak uwise ngleksanakake Sholat Subuh, ibu katimbalan dening Gusti Ingkang Maha Asih, nyusul bapak. Isih nyandhang rasukan mukenah utawa rukuh, ndhakep Al Qur'an lan semare ana ing sajadah. Sajadah kuwi kesayangane swargi bapak lan sing kulina diagem alas sholat nalika isih sugeng.

Oalah...
Bapak lan ibuku sing dak tresnani, kaparingan pepesthen dening Gusti wae kok ya kaya kangsenan. Pasareane wae - yen miturut Serat Wasiyat - digawe tumpuk. Dudu amarga lahan pasarean wis saya entek, ananging pancen kaya mangkono panyuwune:

"... Ira kang kapundhut rumiyin, bakal mangku sisihanira wonten ing ngandhap. Dene sintena ingkang katimbalan saksampunipun, bakal kapangku sak lawasipun. Punika sedaya boten sanes amargi kersaning Gusti Ingkang Maha Asih..."



Para takziah sing padha rawuh nalika ing pasarean, rikala semana meh kabeh ngendika menawa bapak lan ibuku menyang endi parane, wis mesti bebarengan sak keloro nganti tekane kaki-nini malah tekane tinimbalan dening Gusti. "Runtang-runtung rerentengan kadya Mimi lan Mintuna".

Mimi lan Mintuna! ( http://id.m.wikipedia.org/wiki/Belangkas
Pralambang iki kang gawe aku ngabul-abul rak buku nggoleki koleksi buku-buku ngenani Zoologi.
...
Ketemu! Nemu!
Mimi lan Mintuna yaiku jinising kewan laut klebu Arthropoda, badane ros (Bhs. Indonesia: beruas). Basa Melayune "Belangkas", hananging ing tlatah Jawa duwe sebutan Mimi kanggo sing ukurane luwih cilik, yaiku kang kelamine lanang. Mintuna, sing wedok, luwih gedhe. Minangka kaluarga Limulidae kang urip ing banyu paya-paya, laut cethek utawa lingkungan Mangrove. Bisa-bisane dadi pralambang tresna kang sejatine manungsa, amarga sipate monogami: pasangane mung siji. Tur mung sepisan. Angger salah siji mati, ora let suwe pasangane bakal nyusul. Ana ing alam utawa habitate, kewan iki tansah katemokake sarimbit.



Saking temen olehku nggolek kawruh ngenani Mimi lan Mintuna, ora krasa srengenge wis ana ing dhuwur mbun-mbunan. Wis meh tabuh 12!
Wancine methuk barepku kang mulih seka kemah kepanduan. Kok ya ngepasi bojo lan ragilku tekan ngomah nggawa bagor isi beras. Wah, wis ora kober mberesi buku-buku sing sumebar ana ing ruang tengah. Selak methuk si barep.
Lha, buku-buku lan beres-beres omah njuk kepiye ya?
Ah, ...paling-paling ya wis 'diberesi' dening ragilku.

Kaserat dening:
BR. Wijaya


Share:
Location: Jl. Samas, Ngemplak, Srigading, Sanden, Bantul, Daerah Istimewa Yogyakarta 55763, Indonesia

0 comments:

Post a Comment

Seratan dening:

Blog Archive

Romo Didik 'Suryo' Hartoko: lantip, blakasuta lan tansah paring pepadhang

Romo Didik 'Suryo' Hartoko: lantip, blakasuta lan tansah paring pepadhang
Redaksi Senthir Kalawarta: Didik Nugroho - Didik Suryo - Sito Ardyanto - BR. Wijaya - Aan Dimar

Pasedherekan Senthir Kalawarta (PASKAL)

Inggih punika:
"Pasedherekan ingkang dipun sengkuyung dening sedherek-sedherek ingkang nggadhahi katresnan dhumateng budaya Jawi, mliginipun Basa Jawi. Dhumateng sinten kemawon ingkang remen kaliyan blog punika, kersa-a lan mangga sami gegandhengan asta. Nuwun.

Recent Posts

Flag Counter

PARIWARA

Panggenan kotak ingkang menika nyumanggaaken menawi badhe dipun caosi pariwara

Theme Support

Alamat Email:

senthirkalawarta@gmail.com