Translate

Sumangga para sedherek, sampun titi wancinipun kita sedaya sami nyerat malih...

Monday 11 May 2015

TIVI JAMAN AKU CILIK

Aku cilik lan gedhe ing desa Karangsari, Kecamatan Semin, Kabupatèn Gunung Kidul. Désa pegunungan pojok lor wetan soko Kabupatèn Gunungkidul. Desaku kalebu désa 'terpencil' lan 'tertinggal'. Banyu angel, saengga tani yo mung tani tadah udan.
Dalan-dalan digawe saka tataran watu putih. Angel dilewati montor roda loro lan uga roda papat. Listrik nembe mlebu désa ing taun 1993. Jaman semana, kurang luwih taun 70an-80an, durung ana hp. Ojo maneh hp, telpon utawa video game, lha wong tv baé, sak désa mung ana piyayi loro sing kagungan. Mbah Sugeng (sing saiki wis ora sugeng), lan siji maneh kagungane Pak Dalmin. 

Dalemé mbah Sugeng ono ing sisih rodho ngisor. Kaampingan dening tanggelan-tanggelan kebon tela. Isih kuwat ing pangelingku, saben dina Rebo bengi tabuh 7, poro warga dusun, cilik gedhe, enom tuwa, ngumpul ing dalemé mbah Sugeng padha nonton ketoprak. Siji kang diantu-antu saka ora akeh acara tv sing ana. Wektu kuwi stasiun televisi mung TVRI, ora ono liyane.




Saking akehe sing nonton, dalemé mbah Sugeng ora sedeng. Mula TV ne digawa metu sak akine. Banjur padha lungguh ing sak ngarep tv gelar klasane déwé-déwé. Kang ora antuk panggonan, munggah lungguh ing tanggelan-tanggelan, ing antarane wit tela. Dadi katon saka Ngaringan kaya 'Amphitheater' utawa bioskop. Mung bedane layar tv ne mung 14", kothak kayu, tur ora ana kelire, ireng putih. Mula paling rekasa sing lungguh mburi nduwur déwé. Ora katon apa - apa. Durung maneh menawa pinuju Tengahé nonton, setrume aki lekas entek, gambaré tv saya suwe saya ciut, saya ciut sak durunge suwé - suwé mati. Nek wis ngana kabeh padha surak, "Hooo... ee..!" "Yooo.... hh. "

Ananging kuwi mau kabeh ora ndadekake lungkrah, ora ngelongi kasenengan uga kabagyan. Apa maneh semangat kanggo maju. Kanyata, Mas-mas, Mbak - mbak, kanca kanca generasi kuwi saiki akèh kang wus mapan, migunani tumrap liyan ing kutha kutha, malah ana sing tekan nagari manca.

Kacaritaaken dening:
Dimas Aan


Share:

0 comments:

Post a Comment

Seratan dening:

Blog Archive

Romo Didik 'Suryo' Hartoko: lantip, blakasuta lan tansah paring pepadhang

Romo Didik 'Suryo' Hartoko: lantip, blakasuta lan tansah paring pepadhang
Redaksi Senthir Kalawarta: Didik Nugroho - Didik Suryo - Sito Ardyanto - BR. Wijaya - Aan Dimar

Pasedherekan Senthir Kalawarta (PASKAL)

Inggih punika:
"Pasedherekan ingkang dipun sengkuyung dening sedherek-sedherek ingkang nggadhahi katresnan dhumateng budaya Jawi, mliginipun Basa Jawi. Dhumateng sinten kemawon ingkang remen kaliyan blog punika, kersa-a lan mangga sami gegandhengan asta. Nuwun.

Recent Posts

Flag Counter

PARIWARA

Panggenan kotak ingkang menika nyumanggaaken menawi badhe dipun caosi pariwara

Theme Support

Alamat Email:

senthirkalawarta@gmail.com