Translate

Sumangga para sedherek, sampun titi wancinipun kita sedaya sami nyerat malih...

Wednesday 15 August 2018

Merdika Mawa Bhinneka

Bhinneka Tunggal Ika Tan Hana Dharma Mangrwa, minangka sesanti kang wus dadi kasadaran leluhuring bangsa ing tlatah Nusantara kawit jaman Wilwatikta utawa Majapahit. 

Ora mung saderma semboyan, kahanan dene bangsa sing saiki dumunung saka Sabang tekan Merauke, pucuk Miangas tumuju Rote saktenane padha mangerteni yen siji lan sijining suku bangsa pancen beda. Beda basane, beda adat istiadate, beda watake, uga beda ciri-ciri lair utawa fisike. 

Apa sebabe lan piye larah-larahe?

Kahanan kang beda-beda kaya mangkana malah ndadekake Nusantara manunggal lan nyawiji adedasar Pancasila. Ya mung Nusantara siji-sijining bangsa ing sak gelaraning bumi kang duweni daya kakuatan amrih seka mawarna-warnaning suku, agama, ras lan antar golongan.

Yen digagas kanthi tenanan, sakjane ya ora mokal dene kahanan kang beda malah handadekna persatuan lan kesatuaning bangsa lan negara. Ana ing tlatah ngendi wae, sing jenenge perbedaan wis mesti marakake congkrah lan bubrah. Perbedaan didadekna alasan kanggo nengeri dene 'aku' beda karo 'kowe'. Aku ya aku, kowe ya kowe. Istilah Betawi-ne "Elu-elu, gue-gue". Ora nggagas apa sing dadi pendapate uwong liya. Ora peduli kahananing liyan.

BR. Wijaya
Bhinneka Tunggal Ika Tan Hana Dharma Mangrwa

Hananging kahanan kaya mangkono ora ndadekna watak lan perilakune bangsa ing tlatah Nusantara iki dadi individualistik apa maneh egoistik. Kosok walike, malah ndadekna maneka suku bangsa sing wis urip turun temurun kuwi dadi raket-rumaket siji lan sijine.

Bhinneka ora marakake perpecahan


Ora liya, Bhinneka Tunggal Ika kuwi duweni pasangan abadi kang diarani Pancasila.
Bhinneka sing ateges maneka warna, dadi kasunyatane dene bangsa ing tlatah Nusantara iki pancen dumadi saka suku-suku bangsa sing bebas merdika. Sanadyan bhinneka nanging Tunggal Ika. Wis Tunggal tur maneh Ika. Tunggal kuwi ya siji, Ika kuwi ya mung siji. Manunggal lan nyawiji.

Pancasila kuwi minangka nilai-nilai luhur sing diugemi kawit jaman para leluhur. Kawit jaman kerajaan nganti tekane Republik lan sak lawase. Pancasila minangka pedoman urip sesrawungan lan dadi dasar bermasyarakat, berbangsa lan  bernegara.

Dene Pancasila kuwi bisa dadi alat pemersatu, ibarate kaya penyebut sing ana ing wilangan pecahan. Wilangan pecahan kuwi bisa dijumlah yen penyebute padha. Dadi yen arep njumlahake wilangan pecahan, ya kudu madhakke penyebute. 

Tuladha:

1/2 + 1/5 = ?

Kanthi njumlahake langsung ora bakal bisa. Yen arep meksa, bakal nuwuhake ketidakadilan, botsih (abot sesisih) lan sing cetha mesti nerak hukum (matematika). Dadi yen arep njumlahake wilangan kaya tuladha ing dhuwur kuwi,

1/2 + 1/5      =

5/10 + 2/10  =  

7/10

Penyebut kudu dipadhakake ndhisik. Idiologi kudu padha ndhisik. Visi kebangsaan kudu searah. Tujuan bernegara kudu duweni orientasi keadilan.

Mugi saged migunani tumrap para sedherek.
Nuwun...

Kaserat dening:
BR. Wijaya
16 Agustus 2018


Share:

0 comments:

Post a Comment

Seratan dening:

Blog Archive

Romo Didik 'Suryo' Hartoko: lantip, blakasuta lan tansah paring pepadhang

Romo Didik 'Suryo' Hartoko: lantip, blakasuta lan tansah paring pepadhang
Redaksi Senthir Kalawarta: Didik Nugroho - Didik Suryo - Sito Ardyanto - BR. Wijaya - Aan Dimar

Pasedherekan Senthir Kalawarta (PASKAL)

Inggih punika:
"Pasedherekan ingkang dipun sengkuyung dening sedherek-sedherek ingkang nggadhahi katresnan dhumateng budaya Jawi, mliginipun Basa Jawi. Dhumateng sinten kemawon ingkang remen kaliyan blog punika, kersa-a lan mangga sami gegandhengan asta. Nuwun.

Recent Posts

Flag Counter

PARIWARA

Panggenan kotak ingkang menika nyumanggaaken menawi badhe dipun caosi pariwara

Theme Support

Alamat Email:

senthirkalawarta@gmail.com