Translate

Sumangga para sedherek, sampun titi wancinipun kita sedaya sami nyerat malih...

Wednesday 15 August 2018

Merdika Mawa Bhinneka

Bhinneka Tunggal Ika Tan Hana Dharma Mangrwa, minangka sesanti kang wus dadi kasadaran leluhuring bangsa ing tlatah Nusantara kawit jaman Wilwatikta utawa Majapahit. 

Ora mung saderma semboyan, kahanan dene bangsa sing saiki dumunung saka Sabang tekan Merauke, pucuk Miangas tumuju Rote saktenane padha mangerteni yen siji lan sijining suku bangsa pancen beda. Beda basane, beda adat istiadate, beda watake, uga beda ciri-ciri lair utawa fisike. 

Apa sebabe lan piye larah-larahe?

Kahanan kang beda-beda kaya mangkana malah ndadekake Nusantara manunggal lan nyawiji adedasar Pancasila. Ya mung Nusantara siji-sijining bangsa ing sak gelaraning bumi kang duweni daya kakuatan amrih seka mawarna-warnaning suku, agama, ras lan antar golongan.

Yen digagas kanthi tenanan, sakjane ya ora mokal dene kahanan kang beda malah handadekna persatuan lan kesatuaning bangsa lan negara. Ana ing tlatah ngendi wae, sing jenenge perbedaan wis mesti marakake congkrah lan bubrah. Perbedaan didadekna alasan kanggo nengeri dene 'aku' beda karo 'kowe'. Aku ya aku, kowe ya kowe. Istilah Betawi-ne "Elu-elu, gue-gue". Ora nggagas apa sing dadi pendapate uwong liya. Ora peduli kahananing liyan.

BR. Wijaya
Bhinneka Tunggal Ika Tan Hana Dharma Mangrwa

Hananging kahanan kaya mangkono ora ndadekna watak lan perilakune bangsa ing tlatah Nusantara iki dadi individualistik apa maneh egoistik. Kosok walike, malah ndadekna maneka suku bangsa sing wis urip turun temurun kuwi dadi raket-rumaket siji lan sijine.

Bhinneka ora marakake perpecahan


Ora liya, Bhinneka Tunggal Ika kuwi duweni pasangan abadi kang diarani Pancasila.
Bhinneka sing ateges maneka warna, dadi kasunyatane dene bangsa ing tlatah Nusantara iki pancen dumadi saka suku-suku bangsa sing bebas merdika. Sanadyan bhinneka nanging Tunggal Ika. Wis Tunggal tur maneh Ika. Tunggal kuwi ya siji, Ika kuwi ya mung siji. Manunggal lan nyawiji.

Pancasila kuwi minangka nilai-nilai luhur sing diugemi kawit jaman para leluhur. Kawit jaman kerajaan nganti tekane Republik lan sak lawase. Pancasila minangka pedoman urip sesrawungan lan dadi dasar bermasyarakat, berbangsa lan  bernegara.

Dene Pancasila kuwi bisa dadi alat pemersatu, ibarate kaya penyebut sing ana ing wilangan pecahan. Wilangan pecahan kuwi bisa dijumlah yen penyebute padha. Dadi yen arep njumlahake wilangan pecahan, ya kudu madhakke penyebute. 

Tuladha:

1/2 + 1/5 = ?

Kanthi njumlahake langsung ora bakal bisa. Yen arep meksa, bakal nuwuhake ketidakadilan, botsih (abot sesisih) lan sing cetha mesti nerak hukum (matematika). Dadi yen arep njumlahake wilangan kaya tuladha ing dhuwur kuwi,

1/2 + 1/5      =

5/10 + 2/10  =  

7/10

Penyebut kudu dipadhakake ndhisik. Idiologi kudu padha ndhisik. Visi kebangsaan kudu searah. Tujuan bernegara kudu duweni orientasi keadilan.

Mugi saged migunani tumrap para sedherek.
Nuwun...

Kaserat dening:
BR. Wijaya
16 Agustus 2018


Share:

Tuesday 29 May 2018

SALAH KAPRAH BENER ORA LUMRAH

Mengeti dina laire Pancasila 1 Juni

SALAH KAPRAH BENER ORA LUMRAH


Tembung "menek klapa"  kuwi lumrah ana ing sesrawungan urip padinan. Sanadyan yen digagas kanthi tenanan lan setiti, tembung "menek klapa" kuwi sejatine ora patrap. Yen manut surasa lan patraping tembung "menek uwit klapa" luwih bener lan pener.
Nanging pancen, pakulinan golek gampange, luwih cepet tumancep ing pikiran, pangucap lan perilaku.
Apa maneh yen pakulinan kanggo golek gampange kuwi uwis dadi watak lan entuk pisungsung dening uwong pirang-pirang utawa warga masyarakat sing akeh-akehe ya mung ela-elu. Melua kepenak mung sethithik, kamangka  pener kuwi sejatine luwih kepenak kanggo tembe ing buri lan saklawase.

"Nggodhog wedang" kuwi tuladha liyane. Kamangka tembung "wedang" kuwi ateges banyu kang wus mateng. Isa uga banyu mateng sing isih panas utawa kerep diarani jarang. Dadi yen ana tembung "jarang panas" kuwi ya uga salah kaprah. Tembung "banyu panas" sing kalah moncer tinimbang "jarang panas" pancen hambutuhake kasadaran linuwih nalika ngucapake. Kaya-kaya lambe iki luwih kepenak menawa ngucap "jarang panas" tinimbang "banyu panas".
Tuladha utawa conto liyane ana pirang-pirang. Mbok menawa para sutresna kang maca tulisan iki uga bisa nyebut sapanunggalane.

Tembung salah kaprah pancen wus dadi kasunyatan ana sajeroning basa pergaulan. Ora penting tembung kuwi sejatine salah utawa ora patrap. Masyarakat uwis padha dene maklum lan bisa nampa dununge kaluputan ing tembung-tembung kang salah kaprah.

Kang dadi kawigatenku sejatine, sikap masyarakat sing kadhang bisa nampa "kasalahan" lan dianggep kaprah. Wus cetha salah nanging dimaklumi, ditampa banjur dadi "kebenaran". Luwih cilaka maneh yen "kebenaran" sing mula bukane saka pemikiran kang salah, malah dianggep kebenaran kolektip, dadi konsensus lan diyakini kanthi berjamaah.
Kamangka, jenenge jaman kuwi ana owah-owahane. Bisa owah aturan utawa hukume, bisa uga owah amarga ganti pemimpine.
Yen dak jupuk tuladha paling gampang lan sipate kekinian utawa update, yaiku bab korupsi, pungli, suap lan sapanunggale.

Ngenani bab korupsi lan brayate iki, para sutresna mesthi wus mangerteni. Dene perilaku salah lan dianggep kaprah iki wus tuwuh lan kaya-kaya dadi budaya ing sajeroning tatanan masyarakat kawit jaman biyen. Wus mlaku pirang-pirang dekade. "Uang damai, uang tutup mulut, tahu sama tahu, salam tempel, amplop lan pirang-pirang tembung sing biasa kanggo menehi istilah perilaku salah iki. Istilah-istilah kuwi minangka euphemisme, karep ben luwih kepenak dirungokna kuping lan ora saru menawa konangan.

Perilaku salah kaya mangkono pancen dadi kaprah. Dadi lumrah. Kosok baline, uwong sing nyambut gawe kanthi lurus lan jujur malah diarani ora lumrah.

Jujur-ajur!
Manut jalur-babak belur!
Nurut alur-pedhot sedulur!
Kokehan catur-bakal kesungkur.

Pancen kabeh mau minangka proses kang kudu dilakoni dening bangsa Indonesia. Sanadyan-to, ora kabeh warga bangsa iki nglakoni tumindak salah. Isih akeh pawongan sing duweni sikap mental kang patut dadi pancer utawa tuladha tumrap bangsa, mligine tumrap generasi muda.

Pemerintah Orde Lama, Orde Baru, Reformasi lan diterusake dene pemerintah saiki sing duweni tekad mbrasta korupsi, pungli, suap lan sapanunggale. Kanthi asesanti: kerja-kerja-kerja, ateges ora menehi ruang gerak kanggo apa wae tumindak kang ora bener.

Pramila, sumangga para sutresna lan sedherek sebangsa lan setanah air...
Pembangunan mental bangsa mujudake tanggungjawab sing kudu dipikul bebarengan. Revolusi mental kanthi ngugemi Pancasila minangka ideologi bangsa lan negara pancen kudu ditindakake kanthi wantah, teges tanpa kompromi. Negara Kesatuan Republik Indonesia utawa NKRI kuwi harga mati tan kena dinyang. Pinuju masyarakat adil makmur, gemah ripah loh jinawi, tata-titi-tentrem kerta raharja.

http://umiyatikhasanah13.blogspot.co.id


Sugeng, waluya saha basuki.
Kabeh kuwi bisa diwiwiti saka bab-bab kang sepele, kayata ndandani pikiran, tembung lan perilaku sing salah kaprah dadia bener lan lumrah.

Nuwun.

Kaserat dening BR. Wijaya


Share:

Seratan dening:

Blog Archive

Romo Didik 'Suryo' Hartoko: lantip, blakasuta lan tansah paring pepadhang

Romo Didik 'Suryo' Hartoko: lantip, blakasuta lan tansah paring pepadhang
Redaksi Senthir Kalawarta: Didik Nugroho - Didik Suryo - Sito Ardyanto - BR. Wijaya - Aan Dimar

Pasedherekan Senthir Kalawarta (PASKAL)

Inggih punika:
"Pasedherekan ingkang dipun sengkuyung dening sedherek-sedherek ingkang nggadhahi katresnan dhumateng budaya Jawi, mliginipun Basa Jawi. Dhumateng sinten kemawon ingkang remen kaliyan blog punika, kersa-a lan mangga sami gegandhengan asta. Nuwun.

Recent Posts

Flag Counter

PARIWARA

Panggenan kotak ingkang menika nyumanggaaken menawi badhe dipun caosi pariwara

Theme Support

Alamat Email:

senthirkalawarta@gmail.com